Skip to main content

Serat Wedhatama : Pocung

33
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setyo budyo pangekese dur angkoro
34
Angkoro gung neng onggo anggung gumulung
Gegolonganiro triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubedo
35
Bedo lamun kang wus sengsem
Reh ngasamun semone ngaksono
Sesamane bongso sisip
Sarwo sareh saking mardi martotomo
36
Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karono karoban ing sih
Sihing sukmo ngrebdo saardi pengiro
37
Yeku patut tinulat tulat tinurut sapituduhiro
Ojo koyo jaman mangkin
Keh pro mudho mundhi diri rapal makno
38
Durung besus kesusu becus amaknani rapal
Koyo sayit weton Mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaningjanmo
39
Kang kadyo iku kalebu wong ngaku aku
Akale alongko
Elok Jawane den emohi
Pakso langkah ngangkah metk awruh ing Mekah
40
Nora weruh rosing roso kang rinuruh
Lumeketing anggo anggere podho marsudi
Kono kene kaanane nora bedo
41
Uger lugu den to mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuko ing drajat kajating urip
Koyo kang wus winahyo sekar srinoto
42
Boso ngelmu mupakate lan panemune
Pasahe lan topo yen satriyo Tanah Jawi
Kuno kuno kang ginilut tripakoro
43
Lilo lamun kelangan
Nora getun trimo yen kelangan
Sakserik sameng dumadi
Tri legowo nalongso srah ing Bethoro
44
Bathoro gung inguger graning jajantung
Jenek Hyang Wwiseso
Sonyo paenedan suci
Nora koyo si mudho mudhar angkoro
45
Nora uwus kareme anguwus uwus
Uwose tan ono
Mung janjine muring muring
Koyo buto butheng betah anganioyo
46
Sakeh luput ing nggo tansah linimput
Linimpet ing sabdo
Narko tan ono udani
Lumuh olo ardane ginowo godo
47
Durung punjul ing kawruh keselak jujul
Kaseselan howo
Cupet kapepetan pamrih
Tangehe nedyo anggambuh
Ing Hyang Wiseso





Comments

Popular posts from this blog

Kr. Telaga Biru - Tuti Trisedya

Waktu bulan mulai bercahya Pancarkan sinarnya Berkilauan air di telaga Telaga biru maya Di tengahnya bambu sejuta Menghijau warnanya Kemilau sinarnya di telaga Telaga biru maya Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci

Nandang Bronto - Safitri

Sok kapan biso kelakon Sliramu dadi sisihanku Wis suwe nggonku ngenteni Ning sliramu sajak ora ngerti Opo sliramu ra kroso Atiku lagi nandang bronto Aku nyuwun palilahmu Timbangono katresnanku iki Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu

Hati Yang Luka - Obbie Messakh

Berulang kali aku mencoba Selalu untuk mengalah Demi keutuhan kita berdua Walau kadang sakit Lihatlah tanda merah di pipi Bekas gambar tanganmu Sering kau lakukan bila kau marah Menutupi salahmu Samakah aku bagai burung di sana Yang dijual orang Hingga sesukamu kau lakukan itu Kau sakiti aku Kalaulah memang kita berpisah Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tinggal cerita Hati yang luka Biar biarkanlah ada duka Malam ini Mungkin esok Kan kau jelang bahagia Bersama yang lain Kalaulah memang kita berpisah  Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tin