83 Mongko kanthine tumuruh Salami mung awas eling Eling lukitaning alam Dadi wiryaning dumadi Supadi nir ing sangsoyo Yeku pangreksaning urip 84 Marmo den taberi kulup Anglung lantiping ati Rino wengi den anedyo Pandak panduking pambudi Bengkas kahardaning driyo Supoyo dadiyo utami 85 Pangasahe sepi samun Aywo esa ing salami Samangso wis kawistoro Lalandhepe mingis mingis Pasah wukir reksomuka Kekes srabedaning budhi 86 Dene awas tegesipun Weruh waraning urip Miwah wisesaning tunggal Kang atunggil rino wengi Kang mukitan ing sakarso Gumelar ngalam sakalir 87 Aywo sembrono ing kalbu Wawasen wuwus sireki Ing kono yekti karoso Dudu ucape pribadi Marmo den sembadeng sedyo Wewesen praptaning uwis 88 Sirnakno semanging kalbu Den waspodo ing pangeksi Yekti dalaning kasidan Sinudo soko sethithik Pamotaning napsu howo Linalantih mamrih titih 89 Aywo mematuh nalutuh Tanpo tuwas tanpo kasil Kasalibuk ing srabedo Marmo dipun ati ati Urip keh rencono niro Sambekolo den kaliling 90 Umpamane wong lum...
MAJULAH ANAK ANAK INDONESIA