Skip to main content

Serat Wedhatama : Sinom

15
Nulodho laku utomo
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong Agong ing Ngeksigondo
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane howo lan nepsu
Pinepsu topo broto
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesame
16
Samangsane pasamuan
Mamangun marto martani
Sinambi ing saben mongso
Kolo kalaning asepi
Nggayoh geyongane kayon
Kayungyun eninging tyas
Sanityoso pinrihatin
Pugoh panggak segah dahar lawan nendro
17
Saben mendro saking wismo
Lelono lalading sepi
Ngingsep sepuhing supeno
Mrih prono pranaweng kapti
Tis tising tyas marsudi
Mardawaning budyo tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidhi
Sruning broto kataman wahyu dyatmoko
18
Wikan wengkoning samodro
Kaderan wus den ideri
Kinemat kamot hing driyo
Rinegan segegem dadi
Dumadyo angratoni
Nenggih Kanjeng Ratu Kidul
Ndedel nggayoh nggegono
Umoro marak maripih
Sor prabowo lan wong Agong Ngeksigondo
19
Dahat deniro aminto
Sinupeket pangkat kanthi
Jroning alam palimunan
Ing pasaban saben sepi
Sumanggem anyannggeni
Ing karso kang wus tinamtu
Pamrihe mong aminto
Supangate teki teki
Nora ketang teken janggot suku jojo
20
Prajanjine abiproyo
Saturun turuning wuri
Mangkono trahing ngawiryo
Yen amasah mesu budhi
Dumadyo glis dumugi
Iyo ing sakarsanipun
Wong Agong Ngeksigondo
Nugrahane prapteng mangkin
Trah tumerah dharahe podho prabowo
21
Ambawani Tanah Jowo
Kang podho jumeneng aji
Satriyo dibyo sumbogo
Tan liyan trahing Senopati
Pan iku pantes ugi
Tinelad lebetipun
Ing sakuwasaniro
Enake lan jaman mangkin
Sayektine tan biso ngepleki kuno
22
Luwung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpo prihatin
Nanging to ing jaman mangkin
Pro mudho kang den karemi
Manulad nelad nabi
Noyokrengat gusti rasul
Anggong ginawe umbag
Saben sebo mampir masjid
Ngajab ajab tibaning mukjijat drajat
23
Anggong anggubel sarengat
Saringane tan den wruhi
Dalil dalaning ijemak
Kiyase nora mikani
Ketungkol mungkol sami
Benkrakan mring masjid agong
Kalamon moco kutbah
Lelagone dandang gendhis
Sworo arum ngumandang cengkok palaran
24
Lamon siro pekso nulad
Tuladhaning kanjeng nabi
O, ngger kadohan panjangkah
Wateke tan betah kaki
Rehne to siro Jawi
Sathithik bae wis cukup
Aywo guru aleman
Nelad kas ngepleki pekih
Lamon pangkoh pangangkah yekti karahmat
25
Nanging enak ngupo boga
Reh ne to tinitah langip
Opo to suwening noto
Tani tanapi agrami
Mangkono munggoh mami
Padune wong dahat cublok
Durong wruh coro Arab
Jawaku wae tan ngenting
Parandene paripakso mulang putro
26
Saking duk maksih taruno
Sadhelo wus anglakoni
Aberag marang agomo
Maguru anggering kaji
Sawadine tyas mami
Banget wedine ing mbesok
Pranatan ngakir jaman
Tan tutug kaselak ngabdi
Nora kober Sembah Hyang gyo tinimbalan
27
Marang ingkang asung pangan
Yen kusuwen den dukani
Ambubrah kawur tyas ing wang
Lir kiyamat saben ari
Bot Allah opo Gusti
Tamboh tamboh solah ingsun
Lawas lawas nggraito
Rehne to suto priyayi
Yen mamriho dadi kaum temah nistho
28
Tuwin ketip sur agomo
Pan ingsun nora winasis
Angurboyo ngantepono
Pranatan wajibing urip
Lampahan angluluri
Kuno kumunaniro
Kongsi tumekeng samangkin
Kikisane tan liyan among ngupo boga
29
Bonggan kan tan merlokno
Munggoh ugering ngaurip
Uripe lan tri prakoro
Wiryo arto tri winasis
Kalamon kongsi sepi
Soko wilangan tetelu
Telas tilasing janmo
Aji godhong jati aking
Temah popo papariman ngulandoro
30
Kang wus waspodho ing patrap
Manganyot ayat winasis
Wasono wosing jiwanggo
Melok tanpo aling aling
Kang ngalingi kalingking
Wenganing roso tumlawung
Keksi saliring jaman
Angelangot tanpo tepi
Yeku ingaran topo tapaking Hyang Sukmo
31
Mangkono janmo utomo
Tuman tumanem ing sepi
Ing saben rikolo mongso
Masah amemasuh budhi
Laire anetepi
Ing reh kasatriyanipun
Susilo anor rogo
Wignyo met tyasing sesami
Yeku aran wong barek berag agomo
32
Ing jaman mengko pan ora
Arahe poro taruni
Yen antuk tudoh kang nyatan
Nora pisan den lakoni
Banjor njujurken kapti
Kakekne arso winuruk
Ngendelken guru niro
Panditane projo sidik
Tur wus manggon pamucunge
Mring makripat



Comments

Popular posts from this blog

Kr. Telaga Biru - Tuti Trisedya

Waktu bulan mulai bercahya Pancarkan sinarnya Berkilauan air di telaga Telaga biru maya Di tengahnya bambu sejuta Menghijau warnanya Kemilau sinarnya di telaga Telaga biru maya Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci

Nandang Bronto - Safitri

Sok kapan biso kelakon Sliramu dadi sisihanku Wis suwe nggonku ngenteni Ning sliramu sajak ora ngerti Opo sliramu ra kroso Atiku lagi nandang bronto Aku nyuwun palilahmu Timbangono katresnanku iki Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu

Hati Yang Luka - Obbie Messakh

Berulang kali aku mencoba Selalu untuk mengalah Demi keutuhan kita berdua Walau kadang sakit Lihatlah tanda merah di pipi Bekas gambar tanganmu Sering kau lakukan bila kau marah Menutupi salahmu Samakah aku bagai burung di sana Yang dijual orang Hingga sesukamu kau lakukan itu Kau sakiti aku Kalaulah memang kita berpisah Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tinggal cerita Hati yang luka Biar biarkanlah ada duka Malam ini Mungkin esok Kan kau jelang bahagia Bersama yang lain Kalaulah memang kita berpisah  Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tin