Skip to main content

Serat Wedhatama : Gambuh

48
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supoyo lumuntur
Dhihin rogo cipto jiwo roso kaki
Ing kono lamun tinemu
Tondho nugrahaning Manon
49
Sembah rogo puniko
Pakartine wong amagang laku
Sucine asarono saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
Wantu wataking weweton
50
Inguni uni durung
Sinarawung wulang kang sinerung
Lagi iki bongso kas ngetokken anggit
Mintokken kawignyanipun
Sarengate elok elok
51
Thithik koyo santri dul
Gajeg koyo santri brai kidul
Saurute Pacitan pinggir pesisir
Ewon wong kang podho nggugu
Anggere podho nyelemong
52
Kasusu arso weruh
Cahyaning Hyang kiniro yen karuh
Ngarep arep urub arso den kurebi tan wruh
Kang mangkono iku akale keliru enggon
53
Yen to jaman rumuhun
Toto titi tumrah tumaruntun
Bongso srengat tan winor lan laku batin
Dadi nora gawe bingung
Kang podho nembah Hyang Manon
54
Lire srengat iku
Keno ugo ingaran laku
Dhingin ajeg kapindhone ataberi
Pakolehe putroningsun
Nyenyeger badan mrih kaot
55
Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah memarah
Antenging ati minongko
Angruwat ruweding batos
56
Mangkono mungguh ingsun
Ananging to sarehne asnafun
Bedao bedo panduk panduming dumadi
Sayektine nora jumbuh
Tekad kang podho linakon
57
Nanging to pakso tutur
Rehne tuwo tuwase mung catur
Mbok lumuntur lantraping reh utami
Sing sopo temen tinemu
Nugroho geming kaprabon
58
Samengko sembah kalbu
Yen lumintu ugo dadi laku
Laku agung kang kagungan Noropati
Patitis tetesing kawruh
Meruhi marang kang momong
59
Sucine tanpo banyu
Mung nyunyudo mring hardaning kalbu
Pambukane toto titi ngati ati
Atetep telaten atul
Tuladan marang waspaos
60
Mring jatining pandulu
Panduk ing ndon dedalan satuhu
Lamun lugu legutaning reh maligi
Lageane tumalawung
Wenganing alam kinaot
61
Yen wus kambah kadyoku
Sarat sareh saniskareng laku
Kalakone soko eneng ening eling
Ilanging roso tumlawung
Kono adiling Hyang Manon
62
Gagare ngunggar kayun
Tan kayungyun mring ayuning kayun
Bongso anggit yen ginigit nora dadi
Marmo den awas den emut
Mring pamurunging kalakon
63
Samengko kang tinutur
Sembah katri kang sayekti katur
Mring Hyang Sukma sukmanen saari ari
Arahen dipun kacakup
Sembahing jiwo sutengong
64
Sayekti luwih perlu
Ingaranan pepuntoning laku
Kalakuwan tumrap kang bangsaning batin
Sucine lan awas emut
mringulaming lama maot
65
Ruktine ngangkah ngukut
Ngikrt ngrukut triloka kakukut
Jagad agung ginulung lan jagad alit
Den kandel kumandel kukup
Mring kelaping alam kono
66
Kaleme mawi limut
Kalamatan jroning alam kunyut
Sanyatane iku kanyatan kaki
Sejatine yen tan emut
Sayekti tan bisa awor
67
Pamete soko luyut
Sarwo sareh saliring panganyut
Lamun yitno kayitnan kang mitayani
Tarlen mung pribadinipun
Kang katon tinonton kono
68
Nanging awas salah surup
Kono ono sejatining urub
Yeku urub pangarep uriping budhi
Sumirat sirat narawung
Kadyo kartiko katonton
69
Yeku wenganing kalbu
Kabukane kang wengku winengku
Wewengkone wis kawengku neng sireki
Ning siro ugo kawengku
Mring kang pindho kartiko byor
70
Samengko ingsun tutur
Gantyo sembah ingkang kaping catur
Sembah roso karoso wosing dumadi
Dadine wis tanpo tuduh
Mung kalawan kasing batos
71
Kalamun durung lugu
Ojo pisan wani ngaku aku
Antuk siku kang mangkono iku kaki
Keno ugo wenang muluk
kalamun wus podho melok
72
Meloko ujar iku
Yen wus ilang sumelanging kalbu
Amung kandel kumandel
Amarang ing takdir
Iku den awas den emut
Den memet yen arso momot
73
Pamoting ujar iku
Kudu santosa ing budhi
Teguh sarto sabar tawekal legaweng ati
Trimo lilo ambeg sadu
Weruh wekasing dumados
74
Sabarang tindak tanduk
Tumindake lan sakadaripun
Den ngaksono kasisipaning sesami
Sumimpango ing laku dur
Hardaning budhi kang ngrodon
75
Dadyo weruh iyo dudu
Yeku minongko pandaming kalbu
Ingkang buko ing hijab bullah agaib
Sesengkeran kang sinerung
Dumunung telenging batos
76
Rasaning urip iku
Krono momor pamoring sawujud
Wujudulloh sumrambah ngalam sakalir
Lir manis kalawan madu
Endi arane ing kono
77
Endi manis endi madu
Yen wis biso nuksmeng pasang semu
Pasamoaning hebing kang moho suci
Kasikep ing tyas kacakup
Kasat moto lair batos
78
Ing batin tan keliru
Kedhap kilap liniling ing kalbu
Kang minongko colok celaking Hyang Widhi
Widadaning budhi sadu
Pandak panduking liru nggon
79
Nggoniro mrih tulus
Kalaksitaning reh kang rinuwuh
Nggyoniro mrih wiwal waraning gaib
Paronto lamun tan weruh
Sasmito jatining endhog
80
Putih lan kuningipun
Lamun arso titah
Titah teko mangsul
Dene nora montro montro yen ing lair
Biso aliru wujud
Kadadeyane ing kono
81
Istingaroh tan metu
Lawan istingarah tan lumebu
Dene ing njro wekasane dadi njawi
Rasakno kang tuwajuh
Ojo kongsi kabasturan
82
Karono yen kebanjur
Kajantoko tumekeng saumur
Tanpo tuwas yen tiwaso ing dumadi
Dadi wong ino tan weruh
Dheweke den anggep dhayoh

Comments

Popular posts from this blog

Kr. Telaga Biru - Tuti Trisedya

Waktu bulan mulai bercahya Pancarkan sinarnya Berkilauan air di telaga Telaga biru maya Di tengahnya bambu sejuta Menghijau warnanya Kemilau sinarnya di telaga Telaga biru maya Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci

Nandang Bronto - Safitri

Sok kapan biso kelakon Sliramu dadi sisihanku Wis suwe nggonku ngenteni Ning sliramu sajak ora ngerti Opo sliramu ra kroso Atiku lagi nandang bronto Aku nyuwun palilahmu Timbangono katresnanku iki Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu

Hati Yang Luka - Obbie Messakh

Berulang kali aku mencoba Selalu untuk mengalah Demi keutuhan kita berdua Walau kadang sakit Lihatlah tanda merah di pipi Bekas gambar tanganmu Sering kau lakukan bila kau marah Menutupi salahmu Samakah aku bagai burung di sana Yang dijual orang Hingga sesukamu kau lakukan itu Kau sakiti aku Kalaulah memang kita berpisah Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tinggal cerita Hati yang luka Biar biarkanlah ada duka Malam ini Mungkin esok Kan kau jelang bahagia Bersama yang lain Kalaulah memang kita berpisah  Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tin