Skip to main content

Serta Wedhatama : Pangkur


1
Mingkar mingkuring angkoro
Akarono karnan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinubo sinu karto
Mrih kretarto pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng Tanah Jowo
Agomo ageming aji
2
Jinejer neng Wedhotomo
Mrih tan kembo kembenganing pambudi
Mongko nadyan tuwo pikun
Yen tan mikani roso
Yekti sepi asepo lir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglilingsemi
3
Nggugu karsaning priyonggo
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumoh ing ngaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janmo ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudono
Sesadon ing ngsdu manis
4
Si pengong nora nglegewo
Sangyardo deniro cacariwis
Ngandhar andar angendhukur
Kandhane nora kaprah
Soyo elok alongko longkanganipun
Si wasis waskito ngalah
Ngalingi marang si pingging
5
Mangkono ngelmu kang nyoto
Sanyatane mong weh reseping ati
Bungah ingaran cublok
Sukeng tyas yen denino
Nora koyo si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadino dino
Ojo mankono wong urip
6
Urip sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadito guwo kang sirung
Sinerang ing maruto
Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung
Pindho padane si mudho
Prandene pakso kumaki
7
Kikisane mong sapolo
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsane luhur
La iyo ingkang romo
Balik siro sarawungan bae durung
Mring atine toto kromo
Nggon anggon agomo suci
8
Socaning jiwangganiro
Jer katoro lamon pocapan pasti
Lumoh asor kudu unggul
Semengah sesongaran
Yen mangkono keno ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
9
Kekerane ngelmu karang
Kekarangan saking bangsane gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Among aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengok poncoboyo
Ubayane mbalenjani
10
Marmo ing sabiso biso
Bebasane muriho tyas basuki
Puruito o kang patut
Lantraping angganiro
Ono ugo angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri
11
Iku kaki takok eno
Marang poro sarjono kang martapi
Mring tapaking tepo tulus
Kawowo nahen howo
Wruhaniro munggoh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janmo wredho
Tuwin mudho sudro kaki
12
Sopontuk wahyuning ngalah
Gyo dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwanggo
Yen mengkono keno sinebut wong sepuh
Lire sepuh sepi howo
Awas roroning atunggil
13
Tan samar pamore sukmo
Sinukmoyo winahyo ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warono
Tarlen saking liyep layaping aluyup
Pindho pesating sumpeno
Sumusuping roso jati
14
Sejatine kang mangkono
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasuwung
Tan karem arameyan
Ingkang sipat wiseso winiseso wus
Mulih mulo ulaniro
Mulane wong anom sami

Comments

Popular posts from this blog

Kr. Telaga Biru - Tuti Trisedya

Waktu bulan mulai bercahya Pancarkan sinarnya Berkilauan air di telaga Telaga biru maya Di tengahnya bambu sejuta Menghijau warnanya Kemilau sinarnya di telaga Telaga biru maya Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci

Nandang Bronto - Safitri

Sok kapan biso kelakon Sliramu dadi sisihanku Wis suwe nggonku ngenteni Ning sliramu sajak ora ngerti Opo sliramu ra kroso Atiku lagi nandang bronto Aku nyuwun palilahmu Timbangono katresnanku iki Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu

Hati Yang Luka - Obbie Messakh

Berulang kali aku mencoba Selalu untuk mengalah Demi keutuhan kita berdua Walau kadang sakit Lihatlah tanda merah di pipi Bekas gambar tanganmu Sering kau lakukan bila kau marah Menutupi salahmu Samakah aku bagai burung di sana Yang dijual orang Hingga sesukamu kau lakukan itu Kau sakiti aku Kalaulah memang kita berpisah Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tinggal cerita Hati yang luka Biar biarkanlah ada duka Malam ini Mungkin esok Kan kau jelang bahagia Bersama yang lain Kalaulah memang kita berpisah  Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tin