Skip to main content

Serat Wedhatama : Kinanthi

83

Mongko kanthine tumuruh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsoyo
Yeku pangreksaning urip
84
Marmo den taberi kulup
Anglung lantiping ati
Rino wengi den anedyo
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driyo
Supoyo dadiyo utami
85
Pangasahe sepi samun
Aywo esa ing salami
Samangso wis kawistoro
Lalandhepe mingis mingis
Pasah wukir reksomuka
Kekes srabedaning budhi
86
Dene awas tegesipun
Weruh waraning urip
Miwah wisesaning tunggal
Kang atunggil rino wengi
Kang mukitan ing sakarso
Gumelar ngalam sakalir
87
Aywo sembrono ing kalbu
Wawasen wuwus sireki
Ing kono yekti karoso
Dudu ucape pribadi
Marmo den sembadeng sedyo
Wewesen praptaning uwis
88
Sirnakno semanging kalbu
Den waspodo ing pangeksi
Yekti dalaning kasidan
Sinudo soko sethithik
Pamotaning napsu howo
Linalantih mamrih titih
89
Aywo mematuh nalutuh
Tanpo tuwas tanpo kasil
Kasalibuk ing srabedo
Marmo dipun ati ati
Urip keh rencono niro
Sambekolo den kaliling
90
Umpamane wong lumaku
Margo gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhat ing ri
Apese kesandung padas
Babak bundhas anemahi
91
Lumrah bae yen kadyeku
Atetombo yen wus bucik
Duweyo kawruh sabodhag
Yen tan nartani ing kapti
Dadi kawruhe kinaryo
Ngupoyo kasil lan melik
92
Meloke yen arso muluk
Muluk ujare lir wali
Wola wali nora nyoto
Anggepe pandhito luwih
Kaluwihane tan ono
Kabeh tondho tondho sepi
93
Kawruhe mung ono wuwus
Wuwuse gumaib gaib
Kasliring sithik tan keno
Mencereng alise gathuk
Opo pandhito antigo
Kang mangkono iku kaki
94
Mongko to kang aran laku
Lakune ngelmu sejati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jail
Tan njurungi ing kahardan
Amung eneng mamrih ening
95
Kaunanging budhi luhur
Bangkit ajur kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijining utami
Nadyan bener kawruh iro
Yen ono kang nyulayani
96
Tur kang nyulayani iku
Wus wruh yen kawruhe nempil
Nanging laire angalah
Katingolo angemori
Mung ngenaki tyasing liyan
Aywo esak aywo serik
97
Yeku ilapating wahyu
Yen yuwono ing salami
Margo wimbuh ing nugroho
Saking heb kang moho suci
Cinancang pucuking cipto
Nora ucul ucul kaki
98
Mangkono ingkang tinamtu
Tampo nugrahaning Widhi
Marmo ta kulup den biso
Mbusuki ujaring janmi
Pakoleh lair batinnyo
Yeku budhi premati
99
Pantes tinulat tinurut
Laladane mrih utami
Utomo kembanging mulyo
Kamulyan jiwo diri
Ora ta yen ngeplekano
Lir leluhur nguni uni
100
Ananging ta kudu kudu
Sakadar iro pribadi
Aywo tinggal tutuladan
Lamun tan mangkono kaki
Yekti tuno ing tumitah
Poma kaestokno kaki


Comments

Popular posts from this blog

Kr. Telaga Biru - Tuti Trisedya

Waktu bulan mulai bercahya Pancarkan sinarnya Berkilauan air di telaga Telaga biru maya Di tengahnya bambu sejuta Menghijau warnanya Kemilau sinarnya di telaga Telaga biru maya Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci Diwaktu malam bulan purnama Terdengar nyanyian surga Bidadari yang bersuka riang Menghibur hati di telaga Di tengahnya rimba yang sunyi Telaga bidadari Bunga surga yang mengharumi Telaga biru suci

Nandang Bronto - Safitri

Sok kapan biso kelakon Sliramu dadi sisihanku Wis suwe nggonku ngenteni Ning sliramu sajak ora ngerti Opo sliramu ra kroso Atiku lagi nandang bronto Aku nyuwun palilahmu Timbangono katresnanku iki Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Tak rewangi awak kuru Saben ndino mung nggagas sliramu Tak suwun rino lan wengi Mugo mugo ketekan sedyaku Opo pancen koyo ngene rasane Wong kang nandang bronto Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu Sedino ora ketemu Rumangsaku wis koyo sewindu

Hati Yang Luka - Obbie Messakh

Berulang kali aku mencoba Selalu untuk mengalah Demi keutuhan kita berdua Walau kadang sakit Lihatlah tanda merah di pipi Bekas gambar tanganmu Sering kau lakukan bila kau marah Menutupi salahmu Samakah aku bagai burung di sana Yang dijual orang Hingga sesukamu kau lakukan itu Kau sakiti aku Kalaulah memang kita berpisah Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tinggal cerita Hati yang luka Biar biarkanlah ada duka Malam ini Mungkin esok Kan kau jelang bahagia Bersama yang lain Kalaulah memang kita berpisah  Itu bukan suratan Mungkin ini lebih baik Agar kau puas membagi cinta Pulangkan saja aku pada ibumu Atau ayahku Dulu segenggam emas Kau pinang aku Dulu bersumpah janji Di depan saksi Namun semua hilanglah sudah Ditelan dusta Namun semua tin